Cariyos cekak ingkang kula aturake menika saperangan ageng sampun kapacak ing saweneh kalawarti ing Yogyakarta menapa dene ing Jawa Timur. Nanging ugi wonten ingkang dereng nate kawrat amargi dereng pantes miturut paugeran dhewan redaksi. Sinaosa makaten panyerat meksa nglebetaken cariyos kasebat ing pangangkah pikantuk seserepan saking para maos menggah perangan-perangan ingkang dereng mranani penggalih.
Buku menika ngewrat 22 (kalih likur) cariyos ingkang mbabar mawarni-warni tema. Wonten cariyos asmara, konflik kulawarga, cariyos misteri, donyaning wayang, ugi donyaning pamulangan. Kados ingkang kasebat ing irah-irahan ing ngajeng, cariyos Esemmu Nambahi Tatu namung dumados saking gagasan imajinatif panyerat. Dados asma tokoh ugi namung sesinglon. Makaten ugi ing cariyos-cariyos sanesipun.
Ing cariyos Ing Tepining Bengawan Chao Phraya ugi makaten. Panyerat pikantuk wisikan saking Dewi Imajinasi nalika sesarengan kanca-kanca ing tepining bengawan Chao Phraya, saselaning sinau ing University Sripatum Bangkok Thailan ing tahun 2005.
Kadospundi babaring cariyos ing kempalan crita cekak menika, mangga kawaosa kanthi mardika. Panyaruwe saking para maos dhahat katengga murih sampurnaning karya.
