Judul: Esemmu Nambahi Tatu, Kumpulan Crita Cekak Penulis: Yonas Suharyono Editor: Indro Suprobo, Ons Untoro Isi: 14 X 20 cm, vi + 108 hlm Cetakan Pertama: Desember 2025 Penerbit: Tonggak Pustaka Cariyos cekak ingkang kula aturake menika saperangan ageng sampun kapacak ing saweneh kalawarti ing Yogyakarta menapa dene ing Jawa Timur. Nanging ugi wonten ingkang dereng nate kawrat amargi dereng pantes miturut paugeran dhewan redaksi. Sinaosa makaten panyerat meksa nglebetaken cariyos kasebat ing pangangkah pikantuk seserepan saking para maos menggah perangan-perangan ingkang dereng mranani penggalih. Buku menika ngewrat 22 (kalih likur) cariyos ingkang mbabar mawarni-warni tema. Wonten cariyos asmara, konflik kulawarga, cariyos misteri, donyaning wayang, ugi donyaning pamulangan. Kados ingkang kasebat ing irah-irahan ing ngajeng, cariyos Esemmu Nambahi Tatu namung dumados saking gagasan imajinatif panyerat. Dados asma tokoh ugi namung sesinglon. Makaten ugi ing cariy...
Menghidupkan Sastra dan Kebudayaan